KAWRUH
SESORAH
Supados nengsemaken ing
samudayanioun, pramila kedah nggatosaken:
1.
Busana
(Ageman)
Anggenipun ngadi busana
kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe
dipunayahi. Ewa semanten mgagem busana sanesipun inggih boten lepat bokbilih
kepanggih “kok ngijeni”. Nanging inggih tansah agatosna bab trapsilaning
ngrasuk busana.
2.
Subasaita
(Trapsila, Tata Krami)
Trapsila ingkang kirang ugi badhe
ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bowa sampun
ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging
mboten kaken.
3.
Swara
(Vokal, Basa Popular)
Pocapan inggih mekatan ugi,
kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung inkang medal kanthi
cetho. Kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos
kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh sanget.
4.
Basa
Tuwin Sastra
Ngudia tambahing seserapan ing
babagan basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan baku tumpraping
pranatacra saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut
tuntunanging sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun
dipunronce ukuran ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirangaken.
Ringkesanipun basa ingkang komunikatif menika basa ingang kedah angengeti:
·
Sinten
ingang gineman
·
Sinten
ingang dipunajak gineman
·
Dinten
ingkang dipun ginem
·
Swasana
nalikanipun gineman
·
Sami
mangertosi ingkang dipunginemi.
Awit saking punika, pranatacara
utawi pamedar sabda kedah nggatosaken perkawis-perkawis ingkang kedah dipun
gatosaken tuwin perkawis-perkawis ingkang kirang mranani ingkang midhanget.
Perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatoskaen inggih punika:
1)
Jumeneng
kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya
diri.
2)
Asta
ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarikm namung sampun katingal kaku.
3)
Polatan
katingal sumeh, namung mboten katingal kadamel-damel.
4)
Mriksani
dhumateng para pamirsa kanthi trapsila.
5)
Penggalih
dipunsarehaken, supados suwanten mboten kepireng ndredheg.
Rantamaning sesorah:
1)
Salam
pambuka
2)
Purwaka:
ngunjukaken puja-puji marang ngarsanipun gusti
3)
Surasaning
basa/ isi/ wos sesorah
4)
Dudutan/
simpulan: inti sarining wedharan
5)
Wasana:
atur panuwun/
JINISING
SESORAH
Jinisipun pidhato utawi sesorah
saged kabentenakan dados warni sekawan:
1)
Sesorah
Kanthi Cara (Model) Apalan
Sakderengioun sampun damel
seratan sesorah lajeng dipunapalaken
tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan cathetan. Dados mboten mawi
utawii wonten pamanggih-pamanggih enggal, amargi sampun kapurba dening
cathetan, cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe
gladhen utawi ajar.
2)
Sesorah
Kanthi Cara (Model) Naskah Utawi Teks
Juru pamedar sabda saestu bekta
naskah, teks utawi cathetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten
dipunapalaken. Cara menika asring dipungunakaken dening pejabat utawi
punggawaning negeri, mliginipun ing upacara-upacara resmi.
3)
Sesorah
Kanthi Cara (Model) Dadakan Utawi Impromtu
Cara pidhato mboten kanyana-nyana
saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika
lajeng di[unaturi sesorah. Piyantunipun kedah ingkang sampun beken lan padatan
kersa medhar sabda. Cara menika kedah trampil ing pamicara saha kathah
pengalaman saha seserepanipun.
4)
Sesorah
Kanthi Cara (Model) Eksemporan
Juru pamedar sabda ngasta utawi
damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut ututaning ingkang badhe
dipun ngendikakaken. Cathetan wau namung wos0wos utawi garis ageng ingkang
badhe dipun aturaken kemawon, ing salajengipun samangke badhe dipun
ngrembakaken kanthi pemanggih-pemanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana
nalikanipun saweg pidhato.
(Kapethik Saking Buku LKS Kelas XI Semester 2)
CONTOH TEKS SESORAH
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah
ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Yogyakarta
ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula
panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun
kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten
kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala Sekolah,
Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Yogyakarta saha kanca-kanca ingkang
kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha
panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah
ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu
luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya
ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun
bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.
Bapak Kepala Sekolah,
Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Yogyakarta saha kanca-kanca ingkang suka
ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang
kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja
ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu
Kartini ingkang sampun tumancep saha ngrembaka ing manahipun wanita
Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga para kadang putri sami saged
nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika.
Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati
dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah
karya.
Mugi-mugi wanita
Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih,
saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun
agunging pangapunten.
(Kapethik Saking http://ohbaru.blogspot.co.id/2014/07/kumpulancontohsesorahpidatobahasajawa.html)
0 komentar:
Posting Komentar