UYON-UYON
(KAWRUH GAMELAN)
Gamelan
miturut Baosastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang
rerecikane akeh banget (saron, bonang, gender lsp). Bahan seng biasane dinggo
gawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari),
Kuningan saha Barut (wesi lan plat). Gamelan iku salah sijining jinis utawa
corak gamelan kang urip ing tanah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan
Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo
luwih alon, beda karo musik gamelan Bali sing tempone luwih cepet, uga gamelan
Sundha sing musike mendayu-dayu lan
didominasi suara suling. Gamelan Jawa uga kasebut pentatonis. Gamelan komplit
iku nduewe 2 laras inggih punika Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog. Ing Slendro
ora ana nada 4 (papat) karo 7 (pitu).
Laras Slendro nduwe 5 nada inggih punika 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha.
Dene laras Pelog iku nduwe 7 nada inggih punika 1 2 3 4 5 6 7.
Laras inggih punika swara kang ajeg
dhuwure, ora owah, kasebut uga nada
sistemnada/ tonalsystem. Titilaras inggih punika notasi nada kang ditulis
manut sistemnada laras lan pathete.
Dene pathet inggih punika ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada. Pathet ing laras
slendro iku antane, pathet nem (6), pathet sanga (9), lan pathet manyura (Myr).
Dene pathet ing laras pelog inggih punika,, pathet lima (5), pathet nem (6),
lan pathet barang (Br).
Ing ngisor iki andharan cekak bab
ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan:
1. Wujud
Tebokan
Kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung,
Tambur. Cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) dikebuk/ keplak/ tabok/
(kendhang).
Kendhang: ditabuh nganggo kombinasi
antara tlapakan karo driji. Kendhang ukurane luwih cilik tinimbang bedhug.
Swara kendhang umume inggih punika: dlang,
dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Jinising swara metu saka carane nabuh beda-beda.
·
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng:
paling gedhe ukurane. Ngasilake swara kang cendhek dhwe tinimbang kendhang
liyane.
·
Kendhang ketipung biasa disebut
ketipung: kendhang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur. Swarane padha
karo kendhang liane lan jinising swara meru saka cara nabuh kang beda-beda.
·
Kendhang batangan utawa kendhang ciblon:
ukurane sedheng. Swarane luwih duwur dibangding kendhang ageng. Biasane ditabuh
kanggo ngiringi tari/jiged lan gendhing.
·
Kendhang wayangan utawa kendhang
sabet/kosek: nduwe ukuran sedheng. Swarane luwih dhuwur dibanding kendhang
ageng. Biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayangan.
2. Wujud
Wilahan: cara nabuh dithuthuk.
·
Gender: kasusun ing papan kaya ayunan
lan ing ngisore ana tabung/ silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane.
Digawe saka pring lan wesi tipis.
·
Slenthem: wujud balunga kang ngasilake
swara alus katimbang balunga liyane.
·
Gambang: tabuh gambang luwih dawa
dibandingg tabuh liyane inggih punika kira-kira 35 cm.
·
Saron: wujud wilahan logam kang kasusun
sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jenis saran: saron demung, saron barung, lan
saron penerus. Saron demung jenis saron kang paling gedhe ukurane, saron demung
ngasilake swara paing cendhek.
·
Saron barung: wilahe luwih gedhe
dibanding saron penerus ning luwih cilik dibanding saron demung.
·
Saron penerus: saron paling cilik.
Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandingke karo saron barung.
3. Wujud
Wilahan Pencon: cara nabuh dithuthuk.
·
Gong kemodhong
·
Kecer: gamelan kang ditangkubake ing
pasangane, biasane ditabuh kanggo ngiring lelagon dolanan ing pagelaran
karawitan.
4. Wujud
Pencon: cara nabuh dithuthu, jagur.
·
Bonang: bonang ditoto dadi rong baris,
saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi
kabeh cacahe ana 10 utawa 12.
·
Kethuk lan Kempyang: cara natane mirip
karo kenong lan bonang. Rancakane luwih cendhek dibanding kenong.
·
Kenong: nduwe ukuran seng paling gedhe.
·
Kempul: biasane digantung kaya umume
perangkat gong.
·
Gong: ditabuh, digawe saka tosan, lan
nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Biasane dipapanake ing mburi dhewe, digantung
ing gayor kang umum digawe saka kayu ukuran gedhe.
5. Wujud
Kawatan:
·
Rebab: cara nabuhe dikosok (gesek). Gunane
kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.
·
Celempungan lan Siter
Celempungan:
cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11 lan 13 pasang.
6. Wujud
Pipa
·
Suling: cara ngungelaken di sebul. Fungsine
kanggo variasi melodi.
·
Kemanak: wujude memper gedhang. Biasane ditabuh
kanggo ngiringi bedhayan.
KASUSASTRAN
KANG TINEMU ING GENDHING
1)
Cakepan: syair, tetembungan kang dienggo
ing tembang.
2)
Cengkok: lak-luking swara kanggo
nglagokake tembang.
3)
Gendhing: lelagoning gamelan kawangun
saking mawarni aspek karawitan.
4)
Gamemelan: piranti karawitan kanggo
ngiringi tembang.
5)
Laras: rasa thinthingane swara cendhak
nganti swara dhuwur.
6)
Titi laras: angka minangka gantine
laras.
7)
Swarawati: waranggana, pesinden,
penyanyi putri.
8)
Wiraswara: penyanyi kakung.
(Kapethik
saking pinten-pinten sumber, kanthi ewah-ewahan saperlunipun)
0 komentar:
Posting Komentar