(kebanyakan tugas sih) let's go!

Selasa, 23 Mei 2017

MATERI SESORAH LAN CONTOH TEKS SESORAH

KAWRUH SESORAH

            Supados nengsemaken ing samudayanioun, pramila kedah nggatosaken:
1.                  Busana (Ageman)
Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Ewa semanten mgagem busana sanesipun inggih boten lepat bokbilih kepanggih “kok ngijeni”. Nanging inggih tansah agatosna bab trapsilaning ngrasuk busana.
2.                  Subasaita (Trapsila, Tata Krami)
Trapsila ingkang kirang ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bowa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging mboten kaken.
3.                  Swara (Vokal, Basa Popular)
Pocapan inggih mekatan ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung inkang medal kanthi cetho. Kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh sanget.
4.                  Basa Tuwin Sastra
Ngudia tambahing seserapan ing babagan basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan baku tumpraping pranatacra saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunanging sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun dipunronce ukuran ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirangaken. Ringkesanipun basa ingkang komunikatif menika basa ingang kedah angengeti:
·         Sinten ingang gineman
·         Sinten ingang dipunajak gineman
·         Dinten ingkang dipun ginem
·         Swasana nalikanipun gineman
·         Sami mangertosi ingkang dipunginemi.
                                                                                                
            Awit saking punika, pranatacara utawi pamedar sabda kedah nggatosaken perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatosaken tuwin perkawis-perkawis ingkang kirang mranani ingkang midhanget. Perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatoskaen inggih punika:
1)                  Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya diri.
2)                  Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarikm namung sampun katingal kaku.
3)                  Polatan katingal sumeh, namung mboten katingal kadamel-damel.
4)                  Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila.
5)                  Penggalih dipunsarehaken, supados suwanten mboten kepireng ndredheg.

            Rantamaning sesorah:
1)                  Salam pambuka
2)                  Purwaka: ngunjukaken puja-puji marang ngarsanipun gusti
3)                  Surasaning basa/ isi/ wos sesorah
4)                  Dudutan/ simpulan: inti sarining wedharan
5)                  Wasana: atur panuwun/

JINISING SESORAH

            Jinisipun pidhato utawi sesorah saged kabentenakan dados warni sekawan:
1)                  Sesorah Kanthi Cara (Model) Apalan
Sakderengioun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken  tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan cathetan. Dados mboten mawi utawii wonten pamanggih-pamanggih enggal, amargi sampun kapurba dening cathetan, cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2)                  Sesorah Kanthi Cara (Model) Naskah Utawi Teks
Juru pamedar sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara menika asring dipungunakaken dening pejabat utawi punggawaning negeri, mliginipun ing upacara-upacara resmi.
3)                  Sesorah Kanthi Cara (Model) Dadakan Utawi Impromtu
Cara pidhato mboten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng di[unaturi sesorah. Piyantunipun kedah ingkang sampun beken lan padatan kersa medhar sabda. Cara menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman saha seserepanipun.
4)                  Sesorah Kanthi Cara (Model) Eksemporan
Juru pamedar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut ututaning ingkang badhe dipun ngendikakaken. Cathetan wau namung wos0wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun aturaken kemawon, ing salajengipun samangke badhe dipun ngrembakaken kanthi pemanggih-pemanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana nalikanipun saweg pidhato.


(Kapethik Saking Buku LKS Kelas XI Semester 2) 


CONTOH TEKS SESORAH


Assalamualaikum Wr. Wb.
 
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Yogyakarta ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
 
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Yogyakarta saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.
 
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Yogyakarta saha kanca-kanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha  ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
 
Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih, saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.
 
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
             
            (Kapethik Saking http://ohbaru.blogspot.co.id/2014/07/kumpulancontohsesorahpidatobahasajawa.html)

Minggu, 21 Mei 2017

Contoh Teks Cerkak Persahabatan

Galang Sahabatku

Wit iki sekitar 7 taun nuli yaiku panggon neng endi aku sanuli nunggu sahabatku mulih sekolah. Aku ro deweke beda sekolahan. Lan kabeneran sekolahne nduweni jam mulih sing luwih suwe tinimbang sekolahku.

Omah ku lan deweke pancen cedhak Mung pirang-pirang jangkah saka gerbang omahku, aku wis nganti neng gerbang omahe. Ning dudu mung amarga kuwi aku gelem nunggune nganti 1 utawa 2 jam-an.  Sahabatku kui jenenge Galang. Sahabat masa cilikku. Sahabat salawase kanggo aku.
“fira!”
“Wis nunggu suwe?” Takone. Aku gedek-gede. “ya uwis ayo!” Dheweke teras nggeret lengenku kanggo lunga. Tentu wae kanthi seneng ati aku manut wae. Lan akhire Aku lan Galang mandheg tepat neng ngarep tujuan sajrone iki. Stand cilik pangadol sosis bakar.

Kebiyasan ku lan Galag sadurung maju kanggo pesen yaiku bebarengan ngambu aroma gurih lan enak sing semerbak tekan irung nuli bareng padha ngucapke ukara lirih. “sosis bakarrr,”
 
Sosis bakar. Kuwi alasan sabenere. Aku lan Galang sanuli tukune samulih sekolah. Kanthi  urunan dhuwit jajan sing turah Aku lan Galang tukune lan mangane bebarengan mlaku mulih. Padahal wektu dak elingi saiki, rasa sosis kuwi padha karo umume.

Bokmenawa amarga Galang, sahabat paling becik selawase, nggawe sosis krasa beda neng ilatku wektu kuwi. Kebiyasanku lan Galang terus neras nganti lulus sma. Mbasi wis padha-padha tuwuh dewasa, ning wektu ana ing stand sosis obong iki, Aku lan Galang nglalekne kuwi kabeh. Nganti mubarang dina..

“Aku arep lunga,” jarene karo nyekeli jojohan sosis bakar karo mlaku.
“Menyang endi?” Takonku sing durung fokus amarga isih nglegena mangan sosis bakar kuwi.
“Amerika,”
“Pirang dina?” Takonku sing isih mangan sosis daripada ukara-ukara sing sahabatku omongake.
Galang mandheg mlaku. Nuli nyaka, ngadhep aku lan nguwaske mripatku.

Lan jebulna…

Aku ora ngerti sakwise persahabatan Aku lan Galang lasan taun kapungkur, Galang ngono ala ndeleke lelara kanker pankrease sing wis menginjak stadium akhir kuwi. Lan gobloke aku, aku ngelingake. Mung berselang setaun kawit kelungane menyang amerika kanggo mbisakne pangobatan, aku kudu nekani acara panguburanane. Galang tilar,

Awale aku nyat nesu banget babagan apa sing wis kedadean. Miturutku Galang yaiku wong paling ala sadonya. Ning, hal iki mbanjur neng kesedhihan lan penyesalan sing njero banget kanggo aku.

Aku sedih banget. Aku dadi pangurung lan rutin nekani kuburane. Ngresiki suket liar sing mbeling tuwuh lan mekewuhi kebecikan kijinge. Kedadean iki nimbulke kebiyasan anyar kanggo aku. 7 taun nuli. Kebiyasanku kuwi terus mbanjur nganti nang akhire simbok pitakon.

“Kowe arep menyang endi?”
“Tilik Galang, mbok,”
“Simbok serius. Kowe arep menyang endi?”

Aku meneng. Sabenere, aku ngerti pangarah saka pitakonan simbok kuwi. Ning aku sanuli lan terus mengalihke. Amarga nek nyat aku ngupadi kanggo njawab, dhadhaku bakal krasa sesek.

Aku ora seneng  amarga nek dhadhaku sesek, Galang bakal muncul neng pikiranku. Lan dina iki, kanggo ping pisan jero 7 taun, aku ora nekani kuburane Galang, sahabat sing tak demeniku.

Aku nekani wit gedhe iki, neng kene dhisik Aku lan Galang semasa sekolah, aku sanuli nunggune muncul karo ngeyup neng ngisor wit sing nuwa iki. Padha kaya aku sing wis umur 25 taun.

Dumadakan bayangan-bayangan Galang nekani aku. Wektu dheweke mlaku ngampiri aku. Nggeret lengenku. Mlaku bebarengan. Nuli nang akhire mandheg nang siji stand sing jebulna isih ana nduwe taun-taun kapungkur.

“Pak, sosis siji,”

Dumadakan sacara ora eling aku wis ana neng kene iki lan mesan sosis bakar neng kana. Aku mung bisa ngesem cilik. Galang, Kanggo sahabatku sing ana neng kana.

Aku ngangenke kowe karo sosis bakar sing awake dhewe tuku lan pangan bareng. Aku kangen kowe. Tenan. Apa kowe uga kangen aku? Aku nganti tersiksa digawene. Aku ndemeni kowe, sahabatku.
 
 
 
(Kapethik saking http://cerkakbahasajawara.blogspot.co.id)

Kawruh Gamelan lan Kasusastran ing Gendhing


UYON-UYON (KAWRUH GAMELAN)

                Gamelan miturut Baosastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rerecikane akeh banget (saron, bonang, gender lsp). Bahan seng biasane dinggo gawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut (wesi lan plat). Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tanah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, beda karo musik gamelan Bali sing tempone luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan didominasi suara suling. Gamelan Jawa uga kasebut pentatonis. Gamelan komplit iku nduewe 2 laras inggih punika Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog. Ing Slendro ora ana nada 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Slendro nduwe 5 nada inggih punika 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras Pelog iku nduwe 7 nada inggih punika 1 2 3 4 5 6 7.
            Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada sistemnada/ tonalsystem. Titilaras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Dene pathet inggih punika ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet nem (6), pathet sanga (9), lan pathet manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika,, pathet lima (5), pathet nem (6), lan pathet barang (Br).
            Ing ngisor iki andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan:
1.      Wujud Tebokan
Kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) dikebuk/ keplak/ tabok/ (kendhang).
Kendhang: ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji. Kendhang ukurane luwih cilik tinimbang bedhug. Swara kendhang umume inggih punika: dlang, dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Jinising swara metu saka carane nabuh beda-beda.
·         Kendhang gendhing utawa kendhang ageng: paling gedhe ukurane. Ngasilake swara kang cendhek dhwe tinimbang kendhang liyane.
·         Kendhang ketipung biasa disebut ketipung: kendhang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur. Swarane padha karo kendhang liane lan jinising swara meru saka cara nabuh kang beda-beda.
·         Kendhang batangan utawa kendhang ciblon: ukurane sedheng. Swarane luwih duwur dibangding kendhang ageng. Biasane ditabuh kanggo ngiringi tari/jiged lan gendhing.
·         Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek: nduwe ukuran sedheng. Swarane luwih dhuwur dibanding kendhang ageng. Biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayangan.

2.      Wujud Wilahan: cara nabuh dithuthuk.
·         Gender: kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/ silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane. Digawe saka pring lan wesi tipis.
·         Slenthem: wujud balunga kang ngasilake swara alus katimbang balunga liyane.
·         Gambang: tabuh gambang luwih dawa dibandingg tabuh liyane inggih punika kira-kira 35 cm.
·         Saron: wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jenis saran: saron demung, saron barung, lan saron penerus. Saron demung jenis saron kang paling gedhe ukurane, saron demung ngasilake swara paing cendhek.
·         Saron barung: wilahe luwih gedhe dibanding saron penerus ning luwih cilik dibanding saron demung.
·         Saron penerus: saron paling cilik. Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandingke karo saron barung.
3.      Wujud Wilahan Pencon: cara nabuh dithuthuk.
·         Gong kemodhong
·         Kecer: gamelan kang ditangkubake ing pasangane, biasane ditabuh kanggo ngiring lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.
4.      Wujud Pencon: cara nabuh dithuthu, jagur.
·         Bonang: bonang ditoto dadi rong baris, saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi kabeh cacahe ana 10 utawa 12.
·         Kethuk lan Kempyang: cara natane mirip karo kenong lan bonang. Rancakane luwih cendhek dibanding kenong.
·         Kenong: nduwe ukuran seng paling gedhe.
·         Kempul: biasane digantung kaya umume perangkat gong.
·         Gong: ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Biasane dipapanake ing mburi dhewe, digantung ing gayor kang umum digawe saka kayu ukuran gedhe.
5.      Wujud Kawatan:
·         Rebab: cara nabuhe dikosok (gesek). Gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.
·         Celempungan lan Siter
Celempungan: cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11 lan 13 pasang.
6.      Wujud Pipa
·         Suling: cara ngungelaken di sebul. Fungsine kanggo variasi melodi.
·         Kemanak: wujude memper gedhang. Biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.

KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING
1)                  Cakepan: syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2)                  Cengkok: lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3)                  Gendhing: lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4)                  Gamemelan: piranti karawitan kanggo ngiringi tembang.
5)                  Laras: rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6)                  Titi laras: angka minangka gantine laras.
7)                  Swarawati: waranggana, pesinden, penyanyi putri.
8)                  Wiraswara: penyanyi kakung.

(Kapethik saking pinten-pinten sumber, kanthi ewah-ewahan saperlunipun)

Jumat, 12 Mei 2017

contoh teks pawartos bahasa Jawa



Peken Rajakaya Imogiri Boten Kaperbawan Isu Antraks

Bantul, www.jogjatv.tv – Mratahipun isu kasus antraks ing wewengkon Kulon Progo lan Sleman, pranyata boten mangaribawani dhateng lampah dagang rajakaya ing Peken Legi, Imogiri, Bantul. Lampah dagang ing peken rajakaya punika tetep limrah kados padatan, kepara regi rajakaya saya mindhak awis.

Dinten Kemis (26/1) siyang,lampah dagang ing peken punika katingal lumampah limrah kados padatan. Regengipun pawartos ing media massa ingkang nyebataken dumados kasus antrakd ing Kabupaten Kulon Progo lan Sleman, mboten mangaribawani lampah dagang ing peken rajakaya punika.

Turadi, petugas Peken Rajakaya Imogiri mratelakaken, kawontenan peken rajakaya limrah kados padatan. Kepara regi rajakaya saya mindhak awis. Isu antraks boten mangaribawani lampah dagang ing Peken Legi punika, awit racakipun rajakaya ingkang dipun sade inggih asal saking Gunung Kidul lan Bantul.

Kangge ngawekani bab-bab ingkang mboten dipun pikajengi, Dinas Pertanian, Pangan, Kelautan dan Perikanan, mbenum kalih dokter hewan ingkang tansah sumadya ing Peken Imogiri saben pekenan peken rajakaya kasebat. Kanthi makaten sedaya titikan sesakit rajakaya saged tumuli dipun mangertosi lan tumuli dipun tangani kanthi satrepipun. ( Anang Zainuddin )

 

Tulisannya Riska Template by Ipietoon Cute Blog Design